Rabu, 16 Juni 2010

“Wid, ayo sesuk nonton balapan jaran!” Pangajake Susanta marang Widada.
“Balapan jaran, apa karapan?” Pitakone Widada.
“Balapan jaran. Karapan iku balapan sapi.” Wangsulane Susanta cekak.
“Ngendi sing ana balapan jaran?”
“Alun-alun kidul kutha.”
“Lho, alun-alun iku rak kanggo bal-balan, ta?”
“Kuwi rak alun-alun kulon kutha. Sing dienggo balapan jaran alun-alun Margadadi, kidul kutha.”
“Kancane sapa?”
“Akeh, Wartana, Purwaka, Parjiya, Genthong, Sebul. Kiraku akeh sing padha arep nonton.”
“Ana apa ta kok nganggo balapan jaran barang?”
“Wah, aku ora ngreti. Jarene : Hari Olah Raga Nasional.”
“Iya, aku melu!” Celathune Widada mantep.
Esuke Susanta, Widada lan kanca-kancane padha gemrudug mangkat saka omahe Susanta, tumuju marang alun-alun Margadadi. Susanti pancene arep melu, dina iku dheweke dijak ibune tilik sadulure sing manggon ing Tawangmangu.
Wong-wong kanga rep nonton ndalidir. Ana sing mlaku dharat, ana sing nunggang andhong. Kang akeh padha nungang sepedha.
Jam wolu esuk sing arep balapan wis sumadhiya, pating glidrah ing pingiring alun-alun, bareng lan jarane. Jaran kang teka warna-warna ulese. Ana sing soklat tuwa, ireng mulus, pancal panggung, putih blentong kuning, dhawuk, lan sapanunggalane.
Wong sing nunggang manganggo kathok, klambi lan topi putih. Kabeh sandhangane sarwa putih, mung srempange kang beda-beda. Warnane srempang meh padha karo ulesing jarane. Wong sing nunggang jaran iku diarani jongki.
Kandhane wong-wong, jaran lan jongki asale saka ngendi-endi. Ana sing saka Banjarnegara, Purbalingga, Tegal Pekalongan, Cirebon, Kebumen, Purwareja, Barabudhur, Ambarawa, Bayalali, Wanagiri, Purwadadi lan Semarang. Kurang luwih ana sewidakan.
Jam sanga balapan jaran kawiwitan. Sapisanan jaran lan jongki kang kagolong klas telu. Anggone mbalapake rambah kaping telu. Kapindho, jaran lan jongki kang kagolong klas loro. Anggone mbalapake rambah kaping nem, saben sarambahan jaran nenem. Katelu, jaran lan jongki kang kagolong klas siji. Jaran lan jongki kang melu mung nembelas.
Jaran lan jongki sing kondhang mung telu, yaiku sing oleh nomer siji. Jenenge Gagak Rimang, Aswatama lan Kuda Respati. Jam lima sore balapan jaran iku bubaran.
Susanta, Widada lan kanca-kancane padha mulih, lakune gegancangan. Genthong seneng banget, awit jaran sing jeneng Gagak Rimang memang, oleh nomer siji.
Genthong celathu, “Hebat ta, jaran jagoku?”
“Iya, kampiun temenan. Lakune apik, nganggo wirama, nanging playune elek, “celathune Wartana.
“E, jaran sing apik iku iya sing playune kaya jaran jagoku iku,” wangsulane Genthong.
“Jaran jagomu iku playune njonrog, ora nyongklang,” pamadane Wartana.
“Iya sing njonjrok iku sing apik.nyatane nomer siki,” wangsulane Genthong ngeyel.
“Wis, wis…..! Kabeh apik. Ala lan becik itu senengan,” pamisahe Widada.
Genthong lan Wartana meneng anggone udur-uduran. Susanta lan kanca-kancane padha rikat-rikatan anggone mlaku, supaya enggal teka ing omahe dhewe-dhewe.

0 komentar :

Posting Komentar